03/11/09

Kuliahku ning Farmasi

Farmasi...walah-walah, kok aku gujug-gujug pingin nulis postingan tentang farmasi. Khususe perkuliahan ning fakultas farmasi. Yo wis lah, timbangane ora konsen sinau lan beres-beres kos mending nge-blog dhisik.
Hmm...wong awam ki ngertine farmasi kuwi piye yo? Jangan-jangan mbayangke nek wong farmasi kuwi mambune ora enak, mambu obat-obatan. Terus lengene pothok (iki istilahe dosenku kromatografi) amergane sering nggojog corong pisah (lan senengane nggerus pulveres, ngaduk emulsi, lsp. hehehe). Terus mahasiswa farmasi kuwi sering banget praktikum iki-iku, nggawe laporan, wahh...sibuk tenan.
Sabar mbak, sabar mas. Tak jelaske. Farmasi kuwi ilmu sing mempelajari 3 hal. Yaiku senyawa kimia (khususe obat, iso uga jamu lan kosmetik), fisiologi awake menungsa, lan interaksine. Dadi yo kuliah ning farmasi iku warna-warni banget pelajarane. Dina iki iso wae diwarahi kimia analisis sing perkara spektrofotometri, dijlentrehno kanthi detail banget apa kuwi flourosensi, kenapa nek senyawa sing strukture rigid iku intensitas flourosensine gedhe. Terus dina sakwise diwulang biologi molekuler (bioMol). DNA, gen, lokus, kromosom, genom, transkripsi, translasi, mutasi. Dina liyane farmakologi. Lapo kok parasetamol (iku lho, sing ngetop merek cap PA***OL) iso marakke wong sing meriang dadi luwih kepenak awake. Pokoke kanggo sampeyan-sampeyan para pecinta sains sejati, jurusan iki cocok lah. Opo meneh nggo kaliyan sing kritis lan senengane takon “lho kok iso?”, jurusan farmasi cocok banget nggo kowe.
Pertanyaan selanjute. Terus nek pelajarane ngono-ngono, opo ora setres kuwi saking angele? Hmm...ngene yo...nek menurutku kabeh wong-wong dengan kecerdasan rata-rata koyo aku ngene iso kok ngikuti pelajaran ning farmasi. Buktine aku isih waras-waras wae nganti saiki. Tambah lemu malah kawit kuliah. Dadi wis rak jaman kuwi mitos nek cah kos kuwi kuru, jarang mangan, lsp. Iyo sih dadi cah kos kuwi yo kadang melas, meneh nek tanggal tuwo lan kudu fotokopi materi-materi kuliah (kayak aku pas arep UAS kae, saake). Tapi mboh yo, kok aku iso lemu. Soale mangan segone malah tambah akeh nek dibandingke pas ning omah ndek iko. Lha piye, mosok wis tuku ora tak entekke. Wis muni lho padahal mbek sing dodol yen aku tuku segone separo porsi wae. We la dalah, jebule separo porsi kuwi akeh tenan, kira-kira 2-3 luwih akeh saka porsi manganku ning omah ndek kae. Jelas wae aku sering ngguwak-ngguwak sego. Tapi suwi-suwi ibuke sing sadean sego yo apal nek ngedoli aku sithik wae, luwih sithik lah timbangane nek ngedoli wong liyo (tapi yo tetep wae nggunung). Akhire aku kebiasa karo porsi kuwi. Pancen sih luwih sering ora entekke, tapi nek nafsu kebo lagi kumat, iso entek lho...mboh aku rak ngerti iki aib (mangan kok koyo kebo) opo prestasi (soale ora mubazir). Ngguwak sego kan yo pancen ora apik to. Bapakku ki tau ngendika, kanggo “mensintesis” sebulir beras kuwi butuh pirang-pirang puluh dino. Iku wae angel prosese, kudu ditandur siji-siji (nandure yo ora angger disebar wenihe, kudu diatur siji-siji), terus dikei banyu, terus nek wis rada gedhe dipindah...bla-bla-bla, wis kesel banget wis. Dadi, petani ki mulyo banget lho sakdonge...hiks, maturnuwun pak tani lan bu tani.
Mbalik ning topik awal. Wis, intine kuliah ning farmasi kuwi rak segitunya kok. Ojo langsung ngandel nek ono sing kondo kuliah ning farmasi ki kudu jenius. Sing bener kuliah ning farmasi kuwi kudu seneng lan tekade kuat. Tak kandani yo, kawit SD nganti SMA ki aku rak tau lho ranking siji. Paling mentok kuwi ranking 2 pas SMP! Bar iku, boso wis kenal dandan-dandanan, taksir-taksiran, lsp langsung ngilang (rankinge). Aku sinau tenanan, tapi yo tetep wae rak iso nyaingi konco-koncoku sing liyane. Yo pancen amergo kekuasaan Allah yen aku iso metik hasil soko kebiasaan sinauku pas sekolah kae. Mboh ndilalah, ono wae carane dadi aku iso entuk biji sing (menurutku lho) lumayan lan ora ngisin-ngisini. Alhamdulillah ya Allah, i lep yu pull.
Oh iya, ojo kaget yo, kuliah farmasi kuwi pancen akeh praktikume. Semester iki wae, yen dipikir aku seminggu iso ono 4 praktikum. Terus minggu berikute 3 praktikum. Lapo wae to nek praktikum kuwi sakjane? Hmmm...biasane sih sakdurunge praktikum iku ono pretes (kanggo nguji kene wis ono modal ilmu opo durung kanggo praktikum kuwi). Terus, action deh! Asyik-asyik lho praktikume. Orak usah mbayangke 4 jam ning lab kuwi kudu ngamati sesuatu sing uwangil (saking angele nganti dadi uwangil). Ora ngono kok. Nek aku sih praktikum kuwi malah koyok dolanan. Timbangane lungguh terus ning kelas, kan mboseni. Terus nek ning lab iku iso ndelok lan njajali alat-alat sing aneh-aneh, larang-larang, lan canggih-canggih. Kapan maneh to? (dasar jiwa ndeso). Paling sing marai senep ki yo nggarap laporane. Kesel...uwis ngono yo mangkel to nek wis nggarap angel-angel, we lha dhalah...diwenehi biji elek. Iku koyo aku pas semester 1, nggarap laporan KFD (kimia farmasi dasar). Hehehe...aku isih eling, pas iku aku iri mbek konco-koncoku soale mereka bijine apik-apik. Tapi saka pengalaman kuwi, suwi-suwi aku ngerti carane gawe pembahasan. Meskipun yo durung perfect sih. Ngandel opo ora, aku sih ngerasa cara mikirku dadi rada bedo kawit sering gawe pembahasan. Mboh si iki bener opo namung krasan-krasan wae. Hehehe. Iku manfaate gawe laporan. Selain iku, nek praktikum, kene dadi (gelem ora gelem) sinau. Lha piye ora sinau, wong nglakoni lan ngamati langsung kok. Digawe asik wae lah. Ora usah terlalu kenceng dipikir, tapi yo ojo kesantainen.
Terus, nek praktikum, gawe laporan, lan sinau kapan seneng-senenge? Mosok kene kudu dadi kutu buku kabeh? Tenang bos...kuliah yo kuliah, kudu fokus tapi tetep ono selingane kok. Selingane kuwi milih : organisasi opo seneng-seneng. Karepmu. Kan umume, sakliyane dina Minggu, dina Sabtu kuwi kuliah prei...iso dinggo mlaku-mlaku, utawa santai-santai. Mahasiswa farmasi kuwi yo ora culun-culun lho! Jangan salah. Eh iyo, info tambahan bos, aku yo ora ngerti lapo, kok iso yo akeh-akehe farmasi kuwi isine mahasiswi. Contone ning kampusku dhewe. Sak kelas, isine 65-an wong, sing laki-laki kuwi sithik tok, paling 15-an. Marai ono sing mlesetke, farmasi didawakke dadi fakultas ramai mahasiswi.
Nek aku dhewe sih, pancen pingin banget mlebu fakultas farmasi. Kawit kelas 2 SMA nek gak salah. Sejarahe ngene. Pas kelas 1 SMA semester 2, aku loro tipus. Suwi banget, lha wong nganti ora mlebu sekolah meh sak wulan (mlebu-mlebu langsung UTS, opo ora klepek-klepek kuwi). Nah, ngobati tipus ki nglibatke para sesepuh, eh maksudku para tenaga medis ngono lho. Ono dokter, bidan, looh salah, lapo ditangani bidan?? suster, ahli gizi, lan sing mesti...jreng jreng jreng...(halah) APOTEKER! Pas iku durung ono bayangan sih arep dadi opo. Tapi wis ono niat kanggo dadi tenaga medis, ben iso nyelametke nyowone wong akeh. Dokter? Aku rak wani nyekel wong sing wis mati! Mbedah-mbedah....hiii. Suster? Wah, pingin...kesane kan suster kuwi wonge “caring” banget ngono lho. Tapi kan kuliahe mirip-mirip koyo dokter. Hiii...yo ora sido. Aku kan wedinan. Tau sih kepikir dadi ahli gizi, tapi ah, amerga beberapa hal dadi gak sido. Setelah tak pikir-pikir (mikirku suwi tenan yo, 1 taun luwih), ketoke sing paling entuk chemistry-ne mbek aku ki yo dadi apoteker. Aku kan seneng banget pelajaran kimia. Jarene kanca-kancaku gurune marai ngantuk tapi aku tetep seneng. Jenenge wae wis naksir mbek pelajarane. Aku yo seneng biologi. Sip, cocok. Terus aku browsing-browsing nggolek info, kuliah ning farmasi ki enak ora to. Terus dadi apoteker kuwi piye, enak lan menjanjijan rak (huu...dasar). Ternyata soko review-review ning internet (lan krungu-krungu saka wong-wong), farmasi kuwi lumayan ruwet. Lho? Iyo, mosok aku tau maca blog sing nulis nek kuliah farmasi ki rak enak. Ih, piye to, rak nggenah. Penulise kuwi mahasiswi farmasi. Tapi kok saka tulisane aku nangkep nek ndee ki ora ikhlas kuliah farmasi. Yo uwis nek ora seneng kuliah ning farmasi, isih akeh kok sing pingin mlebu fakultas iki.
Cukup ngomongke wonge. Setelah tak pikir-pikir, ning pabrik obat kuwi kan sing nggawe obat rak yo lulusan farmasi to mestine? Ajib...aku kan emang tau tergoda pingin kuliah teknik kimia. Tapi dikandani guru lesku nek teknik kimia kuwi malah akeh fisikane, ora kimiane. Saka internet yo aku ngerti nek SKS-SKS sing kudu dijupuk pas kuliah teknik kimia iku akeh-akehe tentang fisika. Wah, yo rak sido...aku ora iso fisika soale. Ora kuat ketoke nek kudu ketemu fisika terus. Terus aku mlebu ning situse farmasi UGM, we lha dhalah jebule ono minat FSI (farmasi sains dan industri). Cocok, berarti aku mlebu iku wae, ben tetep iso nyambut gawe ning pabrik ngono lho, kan keren. Tapi tetep dadi wong kesehatan, dadi iso nyumbang kawruh lan keringet kanggo nyelametke nyowo. Hihihi, pedene pol yo pas kuwi, wis koyo jelas ketompo wae.
Saiki alhamdulillah aku wis semester 3. Yo ora luar biasa sih prestasiku. Tapi aku terus usaha maksimal, soale yo kuwi, kuliah farmasi ki kudu tekun lan ikhlas. Aku seneng farmasi, dadi insyaallah ikhlas. Aku ora iso mbayangke yen aku kuliah ing fakultas sakliyane fakultas farmasi. Mungkin ora ikhlas olehku sinau. Nek ono jodho ilmu, jelas farmasi iku jodhoku. Ora iso ora bareng. Moga-moga dadi farmasis iku jodho kerjaku =p

Tidak ada komentar:

Posting Komentar